CATALOGUE BUSANA MUSLIM
Bhirin Munardhi Blogspot
blogspot - melalui blogspot ini saya tulis apa yang saya mengerti untuk menambah wawasan para pembaca, karena tidak ada komunikasi yang lebih efektif selain menggunakan jejaringan sosial internet.
Senin, 15 Juli 2013
Rabu, 27 Juni 2012
PAMBUDHAYA NINDHAKAKEN NYERAT GEGURITAN KANTHI MIGUNAKAKEN MODEL PASINAON INKUIRI WONTEN ING KELAS X SEMESTER II SMP N 1 BOJONG TAHUN PELAJARAN 2009/2010
PURWAKANING
ATUR
Puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun ngelimpahaken
rahmat lan hidayah-ipun, saengga panyerat saged ngerampungaken panyusunan karya
ilmiah punika kanthi irah-irahan “Pambudhaya
Nindhakaken Nyerat Geguritan kanthi Migunakaken Model Pasinaon Inkuiri wonten
ing Kelas X Semester II SMP N 1 Bojong Tahun Pelajaran 2009/2010 ”.
ancasipun panyeratan karya ilmiah punika kangge njangkepi tugas pungkasan
semester sarta kangge budhayakaken nyerat geguritan.
Nyerat geguritan punika boten gampil amargi
butuhaken katrampilan nyerat lan nyerat geguritan punika sami kaliyan nyerat
bebas. Nyerat punika salah satunggaling katrampilan basa ingkang inggil
undhakanipun. Amargi punika karya ilmiah niki badhe njlentrehaken babagan
nyerat geguritan kanthi cara model pasinaon inkuiri.
Panyerat sadar menawi karya ilmiah punika taksih
katah kakiranganipun, pramila panyerat kasuwun saran lan kritikipun kangge kasempurnaan
karya ilmiah punika, saengga saged mupangatipun kangge panyerat utawi pamaos
ingkang budhiman.
Semarang,
Juni 2009
Panyerat
RANTAMAN
ISI
PURWAKANING
ATUR ………………………………………………….
RANTAMAN
ISI…………………………………………………………....
BAB
I PURWAKA……………………………………………………...
A. Pawadan
Pamilihing Irah-irahan………………………………..
B. Rancangan
Momotan…………………………………………...
C. Ancasipun
Panyeratan………………………………………….
D. Mupangatipun
Panyeratan……………………………………...
E. Panegesing
Tembung…………………………………………...
F. Urutaning
Andharan……………………………………………
BAB
II LANDESAN TEORITIS………………………………………….
A. Hakikat
Katrampilan Bahasa……………………………………
B. Pangertosan
Geguritan………………………………………….
C. Model
Pasinaon Inkuiri…………………………………………
BAB
III BABAGAN ISI…………………………………………………….
A. Kalampahan
Pasinaon Inkuiri…………………………………
B. Nyerat
Geguritan……………………………………………….
C. Tingkat
Tes Kamampuan Nyerat……………………………….
BAB
IV PANUTUP…………………………………………………………
A. Dudutan………………………………………………………...
B. Pamayogi……………………………………………………….
KAPUSTAKAAN..........................................................................................
BAB
I
PURWAKA
A.
Pawadan
Pamilihing Irah-irahan
Basa
inggih punika salah satunggaling alat komunikasi lumantar basa manungsa saged
sesambetan kaliyan pangalaman lan saged njangkepi sinau kaliyan tiyang sanesipun
sarta ningkataken kaprigelan intelektual. Wontenipun kaprigelan sajroning basa
punika nyakup sekawan komponen, inggih punika : nyimak, wicara, maos lan nyerat
sarta antawis satunggal komponen gegayutan erat kaliyan komponen sanesipun.
Basa
punika wonten gegayatanipun kaliyan nyerat amargi nyerat sawijining katrampilan
basa ingkang dipunginakaen kangge komunikasi kanthi cara boten langsung. Nyerat
geguritan punika boten gampil kedah nggadhahi katrampilan basa lan basa kaliyan
sastra inggih punika kalih bidang ingkang boten saged dipunpisahaken.
Geguritanipun antawis sastra kaliyan basa asifat dialektif. Basa dados sistem
tandha primer lan sastra dipunanggap dados sistem tandha sekunder
(Teeuw,1984:99). Basa dados sistem tandha primer punika dados model ingkang
prinsipipun dipunginakaken kangge awujudaken konseptual manungsa ing lebet
nafsiraken sadaya sesuatu sae ing lebet utawi ing jawi kiyambakipun. Menawi
sastra migunakaken media basa kagantung kaliyan sistem primer ingkang dipun
kawontenaken dening basa saengga karya sastra kedah saged dipun mangertosi
langkung sae.
Geguritan
punika salah salah satunggaling karya sastra ingkang ginakaken gaya basa ingkang tegesipun kasirat wonten
ing gaya basa
punika. Gaya
basa inggih punika pemanfaatan saking kekayaan basa dening satunggaling tiyang
panutur utawi panyerat.
Lan
karya ilmiah punika badhe ngandharaken babagan pambudhaya nyerat geguritan
kanthi ginakaken model pasinaon inkuiri. Pasinaon inkuiri punika pasinaon
ingkang ngelibataken kemampuan siswa kangge madosi lan nyelidhiki kanthi cara
sistematis, kritis, logis lan analisis. Saengga siswa saged ngerumusaken
kiyambak panemuanipun kanthi percaya diri.
B.
Rancangan
Momotan
Panyeratan
karya ilmiah punika nggadhahi rancangan momotan punapa caranipun pambudhaya
nindhakaken nyerat geguritan kanthi migunakaken model pasinaon inkuiri. Saengga
karya sastra geguritan punika saged budhidhaya ing kauripan punika.
C.
Ancasipun
Panyeratan
Ancasipun
panyeratan karya ilmiah punika kangge budhayakaken nyerat geguritan sarta
kangge nambah wawasan lan pangertosan babagan nyerat geguritan.
D.
Mupangatipun
Panyeratan
Mupangatipun
panyeratan karya ilmih niki inggih punika saged mangertosi nyerat geguritan
sarta mangertosi tegesipun geguritan lan awujud geguritan.
E.
Panegesing
Tembung
1. Nyerat
Inggih
punika satunggaling proses panuangan ide utawi gagasan ingkang kawujud paparan
basa serat arupi rangkaian simbol-simbol basa (aksara).
2. Geguritan
Inggih
punika satunggaling karya sastra ingkang ginakaken gaya basa utawi ungkapan jiwa ingkang dipun
paparaken wonten ing awujud seratan.
3. Model
pasinaon inkuiri
Inggih
punika satunggaling rangkaian kagiyatan sinau ingkang ngelibataken kanthhi cara
maksimal sadaya kamampuan siswa kangge madosi lan nyelidhiki kanthi cara
sistematis, kritis, logis lan analisis. Saengga siswa saged ngerumusaken
kiyambak panemuanipun kanthi percaya diri.
F.
Urutaning
Andharan
Supados
panyeratan karya ilmiah punika kedah saged dipun mangertosi, panyerat nyusun
urutaning andharan kanthi cara:
PURWAKANING ATUR
RANTAMAN ISI
BAB I PURWAKA
G. Pawadan
Pamilihing Irah-irahan
H. Rancangan
Momotan
I. Ancasipun
Panyeratan
J. Mupangatipun
Panyeratan
K. Panegesing
Tembung
L. Urutaning
Andharan
BAB II LANDESAN TEORITIS
D. Hakikat
Katrampilan Bahasa
E. Pangertosan
Geguritan
F. Model
Pasinaon Inkuiri
BAB III BABAGAN ISI
D. Kalampahan
Pasinaon Inkuiri
E. Nyerat
Geguritan
F. Tingkat
Tes Kamampuan Nyerat
BAB IV PANUTUP
C. Dudutan
D. Pamayogi
KAPUSTAKAAN
BAB
II
LANDASAN
TEORITIS
A. Hakikat Katerampilan Nyerat
Nyerat
inggih punika ngelukisaken lelambang grafik ingkang nggambaraken awijining basa
ingkang dipunmangertosi dening satunggaling tiyang. Saengga tiyang sanes sagd
maos lelambang grafik punika (Tarigan,1993:21)
Nyerat
inggih punika aktivitas sadaya otak ingkang ginakaken belahan tak tengen
(emosional) lan belahan otak kiwa (logika). Menawi proses jangkep ngelibataken
kalih belahan otak kaliyan cara ingkang variasi, peran otak tengen kedah
dipundhisikaken. Belahan otak tengen yoiku papan ingkang nuwuhaken gagasan-gagasan,
gairah lan emosional (De Porter,2005:179)
Nyerat
punika salah satunggaling katerampilan basa ingkang sanget inggil
tingkatanipun. Nyerat inggih punika sawijining proses penuangan ide utawi
gagasan kawujud paparan basa serat arupi rangkaian symbol-simbol basa
(Nurhadi,1995:132)
Baradja nyebataken gangsal tahap gldhen nyerat,
inggih punika :
1. Nyonto,
pasinau nyerat kanthi sami kaliyan tuladha
2. Reproduksi,
pasinau nyerat tandha wonten model
3. Rekombinasi
utawi transformasi, pasinau dipunwiwiti gladhen nggabungaken ukara-ukara
ingkang wiwitipun jumeneng kiyambak dumados gabungan kinten-kinten ukara.
4. Nyerat
terpimpin, pasinau dipuwiwiti pitepangan kaliyan panyerat alinea
5. Nyerat,
pasinau dipunwiwiti nyerat bebas kangge ngungkapaken ide ingkang kawujud
seratan ingkang sabenere.
B. Pangertosan Geguritan
Geguritan
punika fenomena budaya basa ingkang universal lan sawijining sistem panyeratan
ingkang inargin tengen lan gantosaken barisan dipunkatentokaken kanthi cara internal
dening sawiining mekanisme ingkang kawontenan sajroning barisan punika dhewe.
Kaliyan semanten saperangan jembaring sawijining kaca panggenan geguritan
punika dipunserat, geguritan salajeng kacetak utawi katulis kanthi cara sami.
Sajroning babagan punika, penyair nemtokaken dhawanipun larik utawi ukara
(Djojo Subroto, 2005:9)
Pendapat-pendapatipun para sastrawan dunia ngenani
babagan geguritan inggih punika :
a. William
Wardswarth
Geguritan
punika pangandharan ingkang spontan saka pangrasa ingkang kebak daya lan
ndhuwenin rasa saka emosi utawi rasa ingkang dipunkempalaken malih sajroning
katentreman.
b. Percy
Bysche Shelly
Geguritan
punika rekaman wiwitipun ingkan langkung sae lan langkung remenaken saka
pikiran.
c. Byron
Geguritan
punika lava imajinasi ingkan letusan nyegah wontene gempa bumi
d. Watt
Dunton
Geguritan
punika ekspresi ingkang konkret lan asifat artitik lan pikiran manungsa kanthi
cara emosional sarta ngirama.
e. Lascelles
Abaramble
Geguritan
punika ekspresi saka pengalaman imajinatif ingkang mligi mbiji sarta kalaku
sajroning upacara utawi pernyataan ingkang asifat kemasyarakatan ingkang
dipunandharaken kanthi basa, ingkang ginakaken saben rantaman ingkang mateng
lan ndhuweni mupangat (Djojo Subroto,2005:10-11)
C. Model Pasinaon Inkuiri
Indrawati
(1999:9) ngandharaken menawi sawijining pasinaon saged langkung efektif menawi
dipunselenggarakaken kalamph model-model pasinaon ingkang kalebet rumpun
pemrosesan informasi. Amargi model-model pemrosesan informasi nekanaken
wontening punapa satunggaling tiyang berikir lan punapa dhampakipun dhumateng
cara-cara ngolah informasi.
1. Pangertosan
Pasinaon Inkuiri
Sawijining
rangkaian kagiyatan sinau ingkang ngelibataken kanthi cara maksimal sadaya
kemampuan siswa kangge madosi lan nyelidhiki kanthi cara sistematis, kritis,
logis lan analisis. Saengga siswa saged ngerumusaken kiyambak panemuanipun kanthi
percaya diri.
Sasaran utam kaiyatan pasinaon inkuiri
inggih punika :
-
Katerlibatan siswa kanthhi cara maksimal
wonten ing proses kagiyatan sianu.
- Katerarahan
kagiyatan kanthi cara logis lan sistematis wonten ing ancasipun pasianaon
- Ngembangaken
sikap percaya wonten ing siswa babagan punapa ingkang dipuntemukakaen ing
proses inkuiri.
- Pasinaon
inkuiri dipunrancang kangge ngajak siswa kanthi cara langsung wonten ing proses
ilmiah sajroning wekdal ingkang relative singkat.
2. Proses
Inkuiri
Menawi
inkuiri boten kedah ngembangaken kemampuan intelektual ananging sadaya potensi
ingkang kawontenan, yoiku pengembangan emosional lan katerampilan inkuiri
punika satunnggaling proses ingkang dipunwiwiti saking ngerumusaken perkawis
lan hipotesis, ngempalaken data, nganalisis data sarta damel dudutan
(Gulo,2002)
3. Struktur
Sosial Pasinaon
Kahanan
kelas ingakang nyaman punika perkawis ingkang penting sajroning pasinaon
inkuiri, amargi pitakon-pitakon kedah kaasal saking siswa supaya proses
pasinaon saged kalampahan kanthi sae.
4. Sintaksis
Pasinaon Inkuiri
Pasinaon
saged langkung bermakna menawi siswa dipunparingi kasempatan kangge mangertosi
lan kalibat kanthi cara aktif wonten ing nemukaken konsep saking fakta-fakta
ingkang dipuntinggali saking lingkungan kaliyan bimbingan dwija.
BAB III
BABAGAN ISI
A. Tahap Pasinaon Inkuiri
a. Nyajikaken
pitakonan utawi perkawis
Dwija
mbimbing siswa ngidentifikasi perkawis lan perkawis dipunserat ing papan tulis.
b. Damel
hipotesis
Dwija
maringi kasempatan dhumateng siswa kangge curah pendapatsajroning damel
hipotesis lan dwija mbimbing siswa kangge nemtokaken hipotesis ingkang relevan
kaliyan perkawisipun sarta mprioritasaken hipoteis pundhi ingkang dados
prioritas panyelidhikan
c. Ngrangcang
percobaan
Dwija
maringi kasempatan dhumateng siswa kangge nemtokaken langkah-langkah ingkang sami
kaliyan hipotesis ingkang badhe dipunkalampahaken lan dwija mbimbing siswa
kangge ngurutaken langkah-langkah panyobiyan.
d. Ngelampahaken
panyobiyan kangge pikantuk informasi
Dwija
mbimbing siswa supados pikantuk informasi melalui panyobiyan
e. Ngempalaken
lan nganalisis data
Guru
maringi kasempatan dhumateng siswa kangge ngandharaken kasi pangolahan data
ingkang sampun dipunkempalaken
f. Damel
dudutan
Dwija
mbimbing siswa kangge damel kasimpulan lan ngevaluasi kagiyatan pasinaon
ingkang sampun kalampahan.
B. Nyerat Geguritan
Nyerat
geguritan punika nyerat kreatif ingkang dipunungkapaken saking perasaan,
pamikiran lan emosi kanthi penuh perasaan sarta nginakaken tembung kiasan utawi
metaphor lan untaian bunyi rima lan irama.
Geguritan
dipun ciptakaken dening satunggaling tiyang melalui kinten-kinten proses :
1. Proses
konsentrasi
Perenungan
unsure bunyi utawi musikalitas, koresppondensi lan basa utawi diksi
dipunpusataken wonten ing sawijining perkawis sami kaliyan kesan ingkang
dipunpikantuk.
2. Prose
identifikasi
Berusaha njangkau perkawisipun ingkang njero
sarta mendhasar
3. Proses
pengimajinasian
Pancitraan
utawi panggambaran kanthhi cara gesang dhumateng punapa ingkang dipunkesanaken
sajroning rangkaian tembung lan bunyi ing lirik geguritan.
Tuladhanipun geguritan :
Gurit
Kanggo Pepriman
guritan sing ginarit dadi sansaya tuwa
saben-saben macak kayangapa lekasmu
marang kauripan sing wajib disilemi
mripat singunen nyawang gebyar pepaes
jaman
tanpa bisa sambat apamaneh gugat
masrahake marang sapa kabeh pungkasane
perkara
kudune saka lekasmu thhukul kembang
ngrnggani taman wasitaning laku
karana kabeh panglocita sumbere saka
nurani
lempeng-bengkonge garis lelabuhan
sakawit
cecegere pager tumanceb bumi
prentule cipta winiwaha ing ngarep
gapura
togna para panyembah brahala ngebaki
kreta
nganggo gebyar teja sacleretan
tetepa jangkahmu tumuju wates banget
wijang
kalamun tanduran bakale metu uwohe
tangan nglukis mesthi mijil gambar
mula mbathika drijimu kanthi bathikan
sesotya
kareben dadi rerengganing taman ing
mbesuk tembe
Turiyo Ragilputra
(Panjebar ASemangat,2003:16)
C. Tingkat Tes Kaprigelan Nyerat
a. Tes
kaprigelan nyerat undhakan ingatan
Tes
kamampuan nyerat wonten ing tingkat ingatan langkung asifat teoretis,
tegesipun tes langkung sesambetan
kaliyan teori utawi kawruh babagan nyerat ingkang asring dipunwulangaken saderengipun
siswa dikengken praktik nyerat.
b. Tes
kaprigelan nyerat undhakan pamahaman
Tes
kaprigelan nyerat kangge kasilipun
karangan ingkang leres, sae gagasan utawi basaniun saking siswa piyambak
c. Tes
kaprigelan nyerat undhakan panerapan
Tes
kamampuan nyerat wonten ing undhakan panerapan sampun nuntut siswa kangge
ngasilaken seratan ingkang sae. Nyerat punika wonten gegayutanipun kaliyan teori
nyerat tingkatan tes kawontenan sajroning undhakan ingatan lan pangrtosan.
d. Cacatan
tes kaprigelan nyerat undhakan analisis ing inggil
Tes
kaprigelan nyerat wonten ing undhakan analisis nagarepaken siswa saged praktik
kasilaken karya tulis utawi seratan ingkang asri,
BAB IV
PANUTUP
A.
Dudutan
Adhedhasar
isinipun babagan karya ilmiah punika saged dipundudutaken minangka antawisipun
:
1. Geguritan
punika satunggaling karya sastra ingkang migunakaken gaya basa utawi ungkapan jiwa ingkang
dipunpaparaken kanthi arupi seratan.
2. Nyerat
geguritan punika nyerat bebas lan butuhaken katrampilan basa.
3. Model
pasinaon punika sampun sae lan siswa kedah saged ngerumusaken kiyambak panemuanipun
kanthi percaya diri.
B.
Pamayogi
Nyerat
lan maos punika sawijiing kagiyatan ingkang saged nambah kaprigelan siswa utawi
pamaos, saengga siswa kedah ningkataken nyerat utawi maos geguritan supados karya
sastra ingkang arupi geguritan boten pejah lan supados saged budidhaya ing
kauripan punika.
KAPUSTAKAAN
Kusrini, Idda. 2004. Asah terampil bahasa Indonesia .
Brebes: Yudhistira.
Nurgiantoro, burhan.
2001. Penilaian dalam pengajaran bahasa
sastra. Yogyakarta: BPEE.
Nurhadi. 1995. Tata Bahasa Pendidikan. Semarang. IKIP Semarang Press.
Tarigan, henry.1994. Menulis Sebagai Suatu Ketrampilan Berbahasa.
Bandung:
Angkasa.
Langganan:
Postingan (Atom)