Rabu, 27 Juni 2012

PAMBUDHAYA NINDHAKAKEN NYERAT GEGURITAN KANTHI MIGUNAKAKEN MODEL PASINAON INKUIRI WONTEN ING KELAS X SEMESTER II SMP N 1 BOJONG TAHUN PELAJARAN 2009/2010


PURWAKANING ATUR


                    Puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun ngelimpahaken rahmat lan hidayah-ipun, saengga panyerat saged ngerampungaken panyusunan karya ilmiah punika kanthi irah-irahan “Pambudhaya Nindhakaken Nyerat Geguritan kanthi Migunakaken Model Pasinaon Inkuiri wonten ing Kelas X Semester II SMP N 1 Bojong Tahun Pelajaran 2009/2010 ”. ancasipun panyeratan karya ilmiah punika kangge njangkepi tugas pungkasan semester sarta kangge budhayakaken nyerat geguritan.
                    Nyerat geguritan punika boten gampil amargi butuhaken katrampilan nyerat lan nyerat geguritan punika sami kaliyan nyerat bebas. Nyerat punika salah satunggaling katrampilan basa ingkang inggil undhakanipun. Amargi punika karya ilmiah niki badhe njlentrehaken babagan nyerat geguritan kanthi cara model pasinaon inkuiri.
                    Panyerat sadar menawi karya ilmiah punika taksih katah kakiranganipun, pramila panyerat kasuwun saran lan kritikipun kangge kasempurnaan karya ilmiah punika, saengga saged mupangatipun kangge panyerat utawi pamaos ingkang budhiman.


Semarang, Juni 2009
Panyerat

RANTAMAN ISI


PURWAKANING ATUR ………………………………………………….        
RANTAMAN ISI………………………………………………………….... 
BAB   I  PURWAKA……………………………………………………...
A.   Pawadan Pamilihing Irah-irahan………………………………..
B.    Rancangan Momotan…………………………………………...
C.    Ancasipun Panyeratan………………………………………….
D.   Mupangatipun Panyeratan……………………………………...
E.    Panegesing Tembung…………………………………………...
F.     Urutaning Andharan……………………………………………
BAB II  LANDESAN TEORITIS………………………………………….
A.    Hakikat Katrampilan Bahasa……………………………………
B.     Pangertosan Geguritan………………………………………….
C.     Model Pasinaon Inkuiri…………………………………………
BAB III BABAGAN ISI…………………………………………………….
A.   Kalampahan Pasinaon Inkuiri…………………………………
B.    Nyerat Geguritan……………………………………………….
C.    Tingkat Tes Kamampuan Nyerat……………………………….
BAB IV PANUTUP…………………………………………………………
A.   Dudutan………………………………………………………...
B.    Pamayogi……………………………………………………….
KAPUSTAKAAN..........................................................................................  
BAB I
PURWAKA


A.   Pawadan Pamilihing Irah-irahan
                   Basa inggih punika salah satunggaling alat komunikasi lumantar basa manungsa saged sesambetan kaliyan pangalaman lan saged njangkepi sinau kaliyan tiyang sanesipun sarta ningkataken kaprigelan intelektual. Wontenipun kaprigelan sajroning basa punika nyakup sekawan komponen, inggih punika : nyimak, wicara, maos lan nyerat sarta antawis satunggal komponen gegayutan erat kaliyan komponen sanesipun.
                   Basa punika wonten gegayatanipun kaliyan nyerat amargi nyerat sawijining katrampilan basa ingkang dipunginakaen kangge komunikasi kanthi cara boten langsung. Nyerat geguritan punika boten gampil kedah nggadhahi katrampilan basa lan basa kaliyan sastra inggih punika kalih bidang ingkang boten saged dipunpisahaken. Geguritanipun antawis sastra kaliyan basa asifat dialektif. Basa dados sistem tandha primer lan sastra dipunanggap dados sistem tandha sekunder (Teeuw,1984:99). Basa dados sistem tandha primer punika dados model ingkang prinsipipun dipunginakaken kangge awujudaken konseptual manungsa ing lebet nafsiraken sadaya sesuatu sae ing lebet utawi ing jawi kiyambakipun. Menawi sastra migunakaken media basa kagantung kaliyan sistem primer ingkang dipun kawontenaken dening basa saengga karya sastra kedah saged dipun mangertosi langkung sae.
                   Geguritan punika salah salah satunggaling karya sastra ingkang ginakaken gaya basa ingkang tegesipun kasirat wonten ing gaya basa punika. Gaya basa inggih punika pemanfaatan saking kekayaan basa dening satunggaling tiyang panutur utawi panyerat.
                   Lan karya ilmiah punika badhe ngandharaken babagan pambudhaya nyerat geguritan kanthi ginakaken model pasinaon inkuiri. Pasinaon inkuiri punika pasinaon ingkang ngelibataken kemampuan siswa kangge madosi lan nyelidhiki kanthi cara sistematis, kritis, logis lan analisis. Saengga siswa saged ngerumusaken kiyambak panemuanipun kanthi percaya diri.

B.    Rancangan Momotan
                   Panyeratan karya ilmiah punika nggadhahi rancangan momotan punapa caranipun pambudhaya nindhakaken nyerat geguritan kanthi migunakaken model pasinaon inkuiri. Saengga karya sastra geguritan punika saged budhidhaya ing kauripan punika.
      
C.   Ancasipun Panyeratan
                   Ancasipun panyeratan karya ilmiah punika kangge budhayakaken nyerat geguritan sarta kangge nambah wawasan lan pangertosan babagan nyerat geguritan.



D.   Mupangatipun Panyeratan
                  Mupangatipun panyeratan karya ilmih niki inggih punika saged mangertosi nyerat geguritan sarta mangertosi tegesipun geguritan lan awujud geguritan.

E.    Panegesing Tembung
1.  Nyerat
               Inggih punika satunggaling proses panuangan ide utawi gagasan ingkang kawujud paparan basa serat arupi rangkaian simbol-simbol basa (aksara).
2.  Geguritan
               Inggih punika satunggaling karya sastra ingkang ginakaken gaya basa utawi ungkapan jiwa ingkang dipun paparaken wonten ing awujud seratan.
3.  Model pasinaon inkuiri
               Inggih punika satunggaling rangkaian kagiyatan sinau ingkang ngelibataken kanthhi cara maksimal sadaya kamampuan siswa kangge madosi lan nyelidhiki kanthi cara sistematis, kritis, logis lan analisis. Saengga siswa saged ngerumusaken kiyambak panemuanipun kanthi percaya diri.




F.    Urutaning Andharan
                   Supados panyeratan karya ilmiah punika kedah saged dipun mangertosi, panyerat nyusun urutaning andharan kanthi cara:
PURWAKANING ATUR
RANTAMAN ISI
BAB I PURWAKA
G.   Pawadan Pamilihing Irah-irahan
H.   Rancangan Momotan
I.      Ancasipun Panyeratan
J.      Mupangatipun Panyeratan
K.   Panegesing Tembung
L.    Urutaning Andharan
BAB II LANDESAN TEORITIS
D. Hakikat Katrampilan Bahasa
E.  Pangertosan Geguritan
F.  Model Pasinaon Inkuiri
BAB III BABAGAN ISI
D. Kalampahan Pasinaon Inkuiri
E.  Nyerat Geguritan
F.  Tingkat Tes Kamampuan Nyerat
BAB IV PANUTUP
C.    Dudutan
D.   Pamayogi
KAPUSTAKAAN           
BAB II
LANDASAN TEORITIS


A.    Hakikat Katerampilan Nyerat
                 Nyerat inggih punika ngelukisaken lelambang grafik ingkang nggambaraken awijining basa ingkang dipunmangertosi dening satunggaling tiyang. Saengga tiyang sanes sagd maos lelambang grafik punika (Tarigan,1993:21)
                 Nyerat inggih punika aktivitas sadaya otak ingkang ginakaken belahan tak tengen (emosional) lan belahan otak kiwa (logika). Menawi proses jangkep ngelibataken kalih belahan otak kaliyan cara ingkang variasi, peran otak tengen kedah dipundhisikaken. Belahan otak tengen yoiku papan ingkang nuwuhaken gagasan-gagasan, gairah lan emosional (De Porter,2005:179)
                 Nyerat punika salah satunggaling katerampilan basa ingkang sanget inggil tingkatanipun. Nyerat inggih punika sawijining proses penuangan ide utawi gagasan kawujud paparan basa serat arupi rangkaian symbol-simbol basa (Nurhadi,1995:132)
Baradja nyebataken gangsal tahap gldhen nyerat, inggih punika :
1.   Nyonto, pasinau nyerat kanthi sami kaliyan tuladha
2.   Reproduksi, pasinau nyerat tandha wonten model
3.   Rekombinasi utawi transformasi, pasinau dipunwiwiti gladhen nggabungaken ukara-ukara ingkang wiwitipun jumeneng kiyambak dumados gabungan kinten-kinten ukara.
4.   Nyerat terpimpin, pasinau dipuwiwiti pitepangan kaliyan panyerat alinea
5.   Nyerat, pasinau dipunwiwiti nyerat bebas kangge ngungkapaken ide ingkang kawujud seratan ingkang sabenere.

B.     Pangertosan Geguritan
                 Geguritan punika fenomena budaya basa ingkang universal lan sawijining sistem panyeratan ingkang inargin tengen lan gantosaken barisan dipunkatentokaken kanthi cara internal dening sawiining mekanisme ingkang kawontenan sajroning barisan punika dhewe. Kaliyan semanten saperangan jembaring sawijining kaca panggenan geguritan punika dipunserat, geguritan salajeng kacetak utawi katulis kanthi cara sami. Sajroning babagan punika, penyair nemtokaken dhawanipun larik utawi ukara (Djojo Subroto, 2005:9)
     
Pendapat-pendapatipun para sastrawan dunia ngenani babagan geguritan inggih punika :
a.    William Wardswarth
            Geguritan punika pangandharan ingkang spontan saka pangrasa ingkang kebak daya lan ndhuwenin rasa saka emosi utawi rasa ingkang dipunkempalaken malih sajroning katentreman.


b.   Percy Bysche Shelly
            Geguritan punika rekaman wiwitipun ingkan langkung sae lan langkung remenaken saka pikiran.
c.    Byron
            Geguritan punika lava imajinasi ingkan letusan nyegah wontene gempa bumi
d.   Watt Dunton
            Geguritan punika ekspresi ingkang konkret lan asifat artitik lan pikiran manungsa kanthi cara emosional sarta ngirama.
e.    Lascelles Abaramble
            Geguritan punika ekspresi saka pengalaman imajinatif ingkang mligi mbiji sarta kalaku sajroning upacara utawi pernyataan ingkang asifat kemasyarakatan ingkang dipunandharaken kanthi basa, ingkang ginakaken saben rantaman ingkang mateng lan ndhuweni mupangat (Djojo Subroto,2005:10-11)

C.    Model Pasinaon Inkuiri
                 Indrawati (1999:9) ngandharaken menawi sawijining pasinaon saged langkung efektif menawi dipunselenggarakaken kalamph model-model pasinaon ingkang kalebet rumpun pemrosesan informasi. Amargi model-model pemrosesan informasi nekanaken wontening punapa satunggaling tiyang berikir lan punapa dhampakipun dhumateng cara-cara ngolah informasi.

1.   Pangertosan Pasinaon Inkuiri
              Sawijining rangkaian kagiyatan sinau ingkang ngelibataken kanthi cara maksimal sadaya kemampuan siswa kangge madosi lan nyelidhiki kanthi cara sistematis, kritis, logis lan analisis. Saengga siswa saged ngerumusaken kiyambak panemuanipun kanthi percaya diri.
Sasaran utam kaiyatan pasinaon inkuiri inggih punika :
-     Katerlibatan siswa kanthhi cara maksimal wonten ing proses kagiyatan sianu.
-     Katerarahan kagiyatan kanthi cara logis lan sistematis wonten ing ancasipun pasianaon
-     Ngembangaken sikap percaya wonten ing siswa babagan punapa ingkang dipuntemukakaen ing proses inkuiri.
-     Pasinaon inkuiri dipunrancang kangge ngajak siswa kanthi cara langsung wonten ing proses ilmiah sajroning wekdal ingkang relative singkat.
2.   Proses Inkuiri
            Menawi inkuiri boten kedah ngembangaken kemampuan intelektual ananging sadaya potensi ingkang kawontenan, yoiku pengembangan emosional lan katerampilan inkuiri punika satunnggaling proses ingkang dipunwiwiti saking ngerumusaken perkawis lan hipotesis, ngempalaken data, nganalisis data sarta damel dudutan (Gulo,2002)



3.   Struktur Sosial Pasinaon
            Kahanan kelas ingakang nyaman punika perkawis ingkang penting sajroning pasinaon inkuiri, amargi pitakon-pitakon kedah kaasal saking siswa supaya proses pasinaon saged kalampahan kanthi sae.
4.   Sintaksis Pasinaon Inkuiri
            Pasinaon saged langkung bermakna menawi siswa dipunparingi kasempatan kangge mangertosi lan kalibat kanthi cara aktif wonten ing nemukaken konsep saking fakta-fakta ingkang dipuntinggali saking lingkungan kaliyan bimbingan dwija.















BAB III
BABAGAN ISI


A.    Tahap  Pasinaon Inkuiri
a.    Nyajikaken pitakonan utawi perkawis
            Dwija mbimbing siswa ngidentifikasi perkawis lan perkawis dipunserat ing papan tulis.
b.   Damel hipotesis
            Dwija maringi kasempatan dhumateng siswa kangge curah pendapatsajroning damel hipotesis lan dwija mbimbing siswa kangge nemtokaken hipotesis ingkang relevan kaliyan perkawisipun sarta mprioritasaken hipoteis pundhi ingkang dados prioritas panyelidhikan
c.    Ngrangcang percobaan
            Dwija maringi kasempatan dhumateng siswa kangge nemtokaken langkah-langkah ingkang sami kaliyan hipotesis ingkang badhe dipunkalampahaken lan dwija mbimbing siswa kangge ngurutaken langkah-langkah panyobiyan.
d.   Ngelampahaken panyobiyan kangge pikantuk informasi
            Dwija mbimbing siswa supados pikantuk informasi melalui panyobiyan
e.    Ngempalaken lan nganalisis data
            Guru maringi kasempatan dhumateng siswa kangge ngandharaken kasi pangolahan data ingkang sampun dipunkempalaken
f.    Damel dudutan
            Dwija mbimbing siswa kangge damel kasimpulan lan ngevaluasi kagiyatan pasinaon ingkang sampun kalampahan.

B.     Nyerat Geguritan
                 Nyerat geguritan punika nyerat kreatif ingkang dipunungkapaken saking perasaan, pamikiran lan emosi kanthi penuh perasaan sarta nginakaken tembung kiasan utawi metaphor lan untaian bunyi rima lan irama.
                 Geguritan dipun ciptakaken dening satunggaling tiyang melalui kinten-kinten proses :
1.   Proses konsentrasi
            Perenungan unsure bunyi utawi musikalitas, koresppondensi lan basa utawi diksi dipunpusataken wonten ing sawijining perkawis sami kaliyan kesan ingkang dipunpikantuk.
2.   Prose identifikasi
                        Berusaha njangkau perkawisipun ingkang njero sarta mendhasar
3.   Proses pengimajinasian
            Pancitraan utawi panggambaran kanthhi cara gesang dhumateng punapa ingkang dipunkesanaken sajroning rangkaian tembung lan bunyi ing lirik geguritan.




Tuladhanipun geguritan :
Gurit Kanggo Pepriman

guritan sing ginarit dadi sansaya tuwa
saben-saben macak kayangapa lekasmu
marang kauripan sing wajib disilemi
mripat singunen nyawang gebyar pepaes jaman
tanpa bisa sambat apamaneh gugat
masrahake marang sapa kabeh pungkasane perkara
kudune saka lekasmu thhukul kembang
ngrnggani taman wasitaning laku
karana kabeh panglocita sumbere saka nurani
lempeng-bengkonge garis lelabuhan sakawit
cecegere pager tumanceb bumi
prentule cipta winiwaha ing ngarep gapura

togna para panyembah brahala ngebaki kreta
nganggo gebyar teja sacleretan
tetepa jangkahmu tumuju wates banget wijang
kalamun tanduran bakale metu uwohe
tangan nglukis mesthi mijil gambar
mula mbathika drijimu kanthi bathikan sesotya
kareben dadi rerengganing taman ing mbesuk tembe
                          Turiyo Ragilputra (Panjebar ASemangat,2003:16)
C.    Tingkat Tes Kaprigelan Nyerat
a.    Tes kaprigelan nyerat undhakan ingatan
            Tes kamampuan nyerat wonten ing tingkat ingatan langkung asifat teoretis, tegesipun  tes langkung sesambetan kaliyan teori utawi kawruh babagan nyerat ingkang asring dipunwulangaken saderengipun siswa dikengken praktik nyerat.
b.   Tes kaprigelan nyerat undhakan pamahaman
            Tes kaprigelan nyerat kangge kasilipun  karangan ingkang leres, sae gagasan utawi basaniun saking siswa piyambak
c.    Tes kaprigelan nyerat undhakan panerapan
            Tes kamampuan nyerat wonten ing undhakan panerapan sampun nuntut siswa kangge ngasilaken seratan ingkang sae. Nyerat punika wonten gegayutanipun kaliyan teori nyerat tingkatan tes kawontenan sajroning undhakan ingatan lan pangrtosan.
d.   Cacatan tes kaprigelan nyerat undhakan analisis ing inggil
            Tes kaprigelan nyerat wonten ing undhakan analisis nagarepaken siswa saged praktik kasilaken karya tulis utawi seratan ingkang asri,







BAB IV
PANUTUP

A.   Dudutan
                  Adhedhasar isinipun babagan karya ilmiah punika saged dipundudutaken minangka antawisipun :
1.     Geguritan punika satunggaling karya sastra ingkang migunakaken gaya basa utawi ungkapan jiwa ingkang dipunpaparaken kanthi arupi seratan.
2.     Nyerat geguritan punika nyerat bebas lan butuhaken katrampilan basa.
3.     Model pasinaon punika sampun sae lan siswa kedah saged ngerumusaken kiyambak panemuanipun kanthi percaya diri.  

B.    Pamayogi
                  Nyerat lan maos punika sawijiing kagiyatan ingkang saged nambah kaprigelan siswa utawi pamaos, saengga siswa kedah ningkataken nyerat utawi maos geguritan supados karya sastra ingkang arupi geguritan boten pejah lan supados saged budidhaya ing kauripan punika.  







KAPUSTAKAAN

Kusrini, Idda. 2004. Asah terampil bahasa Indonesia . Brebes: Yudhistira.
Nurgiantoro, burhan. 2001. Penilaian dalam pengajaran bahasa sastra. Yogyakarta: BPEE.

Nurhadi. 1995. Tata Bahasa Pendidikan. Semarang. IKIP Semarang Press.
Tarigan, henry.1994. Menulis Sebagai Suatu Ketrampilan Berbahasa. Bandung: Angkasa.