Agunge budaya jawa
Gesang wonten ing negara kuwi
Anggadahi solah bawa ingkang sae
Tuladhane akeh budaya jawa
Ingkang kathah dianggep remeh
Budaya jawa kuwi
akeh senine
Arupa
tari,karawitan,lan sakpanunggalane
Mula kuwi budaya
jawi
Kedah diuri-uri
Bebrayan jawa kuwi
Pancen kedhah ditindakake
Agunge budaya jawa
Kedhah kelakon kanthi generasi
saklajenge
Jaman
Edan
Jaman saiki wis edan
Akeh wong kang ora dhuwe rasa
Jaman kaya jungkir walik
Jaman edan
Wong wadon wis ora prawan
Wong sugih dadi korupsi
Wong mlarat akeh padha ngemis
Wong lanang dadi preman
Jaman edan
Jarene bocah sekolah
Kok malah padha tawuran
Jarene mahasiswa
Kok padha dodolan barang haram
Dhuh Gusti, kepriye jaman iki?
Wes padha ilang imane
Lan ilang kabudayane
Akeh wong padha mburu nepsune
GAMELAN
Peranganmu kang maneka warni
uni mu kang nyengsemake ati
anggon mu manggon kang kudu runtut
runtut kanthi runtut aran mu
Miturut wujude ana loro
gedhe lan barut
miturut swarane ana loro
pelog lan slendro
Nem mo mo mo ro mo
anggon mu ngajak
tak tak dhung dhak tak dhung tak dhung
uni mu kang ditabuh
pyong eng pyong
pyong
uni mu kang tak rungokake
Dudu gitar
dudu bas
dudu piano lan
dudu dram
ananging
bonang saron demung
kenong slenthem peking
kempul kendhang lan gong
kang dadi arane perangan mu kuwi
Wayang
Ora pantes nak kowe dilalikake
Ora apik nak kowe ditinggalake
Jaman saiki kepiye
Manungsa padha ora mikirke
Saben ana pagelaran
Mesthi kalah ramene karo nonton bal
Cah cilik utawa cah sekolah
Senenge padha gumrudug nak ana konser
Sajake aku ora percaya
Nak rata-rata cah sekolah saiki
Padha apal jeneng utawa lakon wayang
Sajake wayang iku perlu dilestarikake
Kanthi nglestarikake wayang
Ateges uga wis nglestarikake budaya jawa liyane
Kayata basa, tembang, gendhing lan busana
Sakliyane iku pitutur-pitutur luhur bakal bisa
Kababar ana ing pagelaran wayang
Nasibe
Kabudayan Jawa
Pocung sinom mijil durma
Gambuh megatruh asmarandana
Ha na ca ra ka
Da ta sa wa la
Semar gareng petruk bagong
Bonang gender kempul lan gong
Apa ta kuwi kabeh ???
Kuwi kabeh sansaya pada ilang
Ilang katrajang jaman
Jaman kang saya edan
Mudha-mudhi ra padha gelem
Nguru-uri
Budaya Jawa tansaya dadi mati
Yen ngene
Sapa kang disalahke ?????
Wong
tuwa ra ngajari anake......
Tangise
Jaman
sansaya
suwe sansaya ilang
ilang
jatidhirine ilang sekabehe
apa
saiki padha ngerti ?
yen
tangise jaman kuwi bisa anggugah atine manungsa
supaya
manungsa bisa ngerteni
bisa
prehatin marang kabudayan jawa
amarga
keh pemudha-pemudhi ora ngerti yen ditakoni
sapa
kuwi pandhawa ?
sapa
kuwi punakawan ?
sapa
kuwi rama ?
sapa
kuwi sinta ?
tangise
jaman sansaya rerintih
nanging
manungsane tansah waladi
sansaya
suwe sansaya ndadi
ndadekake
kawirangane dhewe
marang
tlatah nagari iki
dhuh
Gusti………
paringana
dedalan
dedalan
kanggo nguri-nguri kabudayan jawa
supaya
pemudha-pemudhi padha eling
eling
marang pandhawa
eling
marang punakawan
eling
marang rama lan sinta
TEMBANG
MACAPAT
Tembang Dangdut tembang Campur Sari
Apa tembang- tembangan
Tembang aran tembang kusumaning ati
Tembang Pop tembang Rok
Apa tembang rerengganing jaman
Tembang saiki sing jare apik
e. . . . . . jebul ora apik
Isine awut- awutan mung waton gawe karya
Datan nut paugeranira
Ning sejatine
Ana lho… tembang kang tenan apik
Tembunge isine pangrakite
Mupangati mungguhe wong urip
Gene ya sing apik malah ora ngerti
Gene ya sing apik malah ora dirumati
Tembang kang bisa gawe rasa pangrasa ayem
Ayem atine gawe lan bungahe
Tembang aran tembang
Dudu tenbang- tembangan
Ngemot pepeling lan guna
dayani tataning urip ner laku utama
Kaya dene tembang macapat
Macane papat- papat
Winates gatra,wilangan, lan guru lagunya
Pancen rada angel gampang
Ning iku endahe tembang macapat
Mula . . . pada ngertia sinaua ajara
Wong jawa kudu jawani
Wong jawa kudu duweni
Lestarikna ben lestari ngrembaka
Ngrembaka datan bisa sirna
Basa jawa
Uripe basa jawa kuwi
gumantung marang kang nduweni
yaiku wong jawa dhewe
basa jawa
ora bakal tekan patine
yen digunakake wong nduweni basa
basa jawa
endah basamu, enak dirungukake
Nanging saiki
wong padha nglalikake
padha tan rumangsa
kita penerus bangsa
asli wong jawa
nglestarikake budhaya iki
ayo padha sumringah sinau jawa
supaya ora tekan patine
BUDHAYA
SALAH SIJINING WIGATI
Budhaya ndadikake majuning bangsa
Bangsa kang gedhe ora lali karo budhayane
Ojo sok gampamg ninggalake lan nyingkirake
Amarga alasan zaman kang modern
Budhaya dadi ciri wigatine bangsa
Ora ana bangsa kang ora duwe budhaya
Bangsa Indonesia duwe manekawarna budhaya
Budhaya Jawa salah sijine...
Yaiku budhaya kang kudu dilestarikake,
Ditresnani...
Lan awake dhewe kabeh patut njaga budhaya
Supaya ora ilang katut majuning zaman saiki
Kabudayan
Kebudayan jawa sampun punah
para pamuda wes pada nglalekake
wiwit saiki mulai pada nglaras
pramila kabudayan niku wigati
Oh… dwija
kabudayan niku sae sanget
tamtu kita kedhah sinau
ning kedhah telaten lan semangat
sakniki kita sinau sareng – sareng
iki wujud katresnanan marang budaya
hastiti wonten nguri – uri budaya jawa
Enom tua ginakake busana ingkang endah
ning panggung padha lenggak - lenggok
eseme kang renyah lan nyengsemake
menawa dina kartini
Para pamuda kedhah nguri – uri kabudayan
amarga wigati sanget ing gesang
lambang gesangipun manungsa
tuladha wonten gunungane wayang
kathah cariyosipun pagesangan
Aneng gunungan kathah gambare
yaiku wit – witan, kewan lan isek akeh liyane
merga gunungan iku kaca kanggo manungsa
mula kudu dilestariake
LALI
KABUDAYAN
Saiki…
Unine gamelan wis saya lali
Amung ana uninan kang gawe panasing ati
Dek biyen…
Tang tunge gamelan
Isih bisa dirungu
Lakuning tembang dolanan
Isih ana sing bisa
Bocah-bocah cilik isih seneng nari jawa
Nanging…
Saya suwi saya sirna
Wong Jawa saiki wis padha lali
Kepiye nutuke gamelan
Kepiye unine tembang dolanan
Kabudayan Jawa iku
Kabudayan kang sejati
Sing kudu biso diopeni
Kanggo mulyaning Indonesia iki
Sinau
Budaya
Budaya jwa saya suwe saya ilang
Kesaput jaman kang saya modern
Cah-cah saiki ora bisa basa jawa
Banjur sapa?
Nelangsa banget budaya jawa
Ora kabeh wong mangerteni
Ana gamelan sing cacahe akeh
Tembang macapat kang endah
Crita wayang kang kondang
Dakgawa ing ngendi budaya jawa
Ayo padha nguri-nguri budaya jawa
Sinau tradhisi
Bareng
Nguri-uri Budhaya
Kasunyatan jaman saiki
Wong wis padha nglali
Apa maneh marang budhaya nagri
Sing katon edi peni nyengsemake ati
Budhaya kuwi endah
Budhaya kuwi tinggalane para luhur
Nalika diopeni kanthi premati
Jan...bakal ngedab-edabi banget
Ora bakal ana
Liyan kang ngakoni
Ora bakal ana
Liyan kang nduweni
Tinggalane para luhur iki
Kudu
anglur selur
Tekan anak putu
Weruh lan ngrasakake kaendahan
Ayoa...
Padha bareng hanyengkuyung
Nguri-uri apa kang dadi budhaya nagri
Aja mung gelem nganggo
Ning ora gelem jaga
Tidak ada komentar:
Posting Komentar