PUISI JAWA
A.
Pangertosan lan tuladhane wangsalan, parikan,
cangkriman, pepindhan sarta sengkalan.
- Wangsalan
Wangsalan inggih punika unen-enen utawi tetembungan
ingkang awujud cangkriman ananging ancase utawi jawabane wis dikandhakake kanthi ora balaka.
Tuladha :
1.
Kukus gantung, dak sawang kok sajake bingung.
kukus gantung : sawang
2.
Mbalung janur, geleme paring usada
balung janur : sada
3.
Ngem bang kacang, mbesengut ora kalengan
kembang kacang : besengut dadi mbesengut
4.
Roning mlinjo, yen wis sayah kena ngaso
roning mlinjo : so dadi ngaso
5.
Kembang gembili, seneng-seneng oleh rejeki
kembang gembili : seneng
- Parikan
Inggih punika unen-unen rong gatra sing ana pathokane,
yaiku :
-
Tibane swara ukara sapisan, kudu padha karo ukara
kapindho
-
Ukara sapisan ukara bebuka, ukara kapindho isi
-
Bisa kadadean saka rong gatra utawa patang gatra
Tuladha :
1.
Mlaku-mlaku, tuku bandeng
aku iku, pancen ganteng
2.
Wedang bubuk, tanpa gula
ja sok ngantuk, gelis tuwa
3.
Medang jahe, mangane tempe
kepiye kabare
4.
Jangan kacang jangan kara, kuduk uyah kurang gula
welingku marang para mudha, aja wedi ing rekasa
5.
Esuk nyuling sore nyuling
sulinge arek surabaya
esuk eling sore eling
sing dieling ora rumangsa
- Cangkriman
Inggih punika unen-unen uatawi tetembungan sing kudu di
bedhek, amarga iku cangkriman bisa uga diarani bedhekan.
Tuladha :
1.
Sega sakepel dirubung tinggi
tegese salak
2.
Pitik walik saba kebon
tegese nanas
3.
Dikethok malah dhuwur
tegese clana
4.
Wis gedhe kok ngguyu tawa
tegese nangis
5.
Bapake dielus-elus, anake diencot-encot
tegese wong manjat ondho
- Pepindhan
Pepindhan inggih punika angembakake marang kawujudan,
kahanan, pakarti ingkang sipate mbangetake katimbang karo kawujudan, kahanan,
pakarti kang sanyatane.
Tuladha :
1.
Lakune kaya macan luwe
2.
Pikirane landhep dengkul
3.
Wangsulane saur manuk
4.
Rikate kaya angin
5.
Galake kaya macan manak
- Sengkalan
Tembung “sangkalan” asale saka tembung “saka” lan
“kala”. Saka utawa caka iku djenenge bangsa indu. Kala utawa kala ateges wektu.
Sakakala yaiku kalane ana ratu golongan caka kang djumeneng ing indu sisih
kidul lan wektu iku wiwitane taun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 masehi utawi
unen-unen kang nduweni teges angkaning taun.
1)
Sengkalan lamba
Kang
diarani sengkalan lamba yaiku sengkalan kang awujud ukara utawa kumpulaning
tembung.
Tuladha:
1. Leng
welut margining bumi. Th. 1403.
Adage kraton mataram.
2. Lir
ngumbara ngrasa wani. Th. 1603.
Adage kraton kartasura.
3. Nir
baja madyaning puri. Th. 1880.
Tinemu ing plengku
madyasura kidul kraton ngayogyakarta.
4. Atata
resi mulang djanma. Th. 1795.
Tinemu ing lajang
tjentini. S.pakubuwana V.
2)
Sengkalan memet
Yaiku
sengkalan kanng awujud gegambaran utawa pepetan.
DAFTAR
PUSTAKA
Purwadi.1995.Sekar Mekar.CV Cendrawasih: Surakarta.
Haryono,Soewardi.2008.Buku Pepak Basa Jawa.Pustaka Wedyatama :
Yogyakarta.
Subalidinata.1968.Sarining Kasustran Djawa.P.T. Jaker : Jogjakarta.
mantap
BalasHapusho oh
Hapus