Rabu, 27 Juni 2012

Pengertian Wangsalan Pariakan Cangkriman Pepindhan dan Sengkalan


PUISI JAWA

A.    Pangertosan lan tuladhane wangsalan, parikan, cangkriman, pepindhan sarta sengkalan.

  1. Wangsalan
Wangsalan inggih punika unen-enen utawi tetembungan ingkang awujud cangkriman ananging ancase utawi jawabane wis dikandhakake kanthi ora balaka.
Tuladha :
1.      Kukus gantung, dak sawang kok sajake bingung.
kukus gantung : sawang
2.      Mbalung janur, geleme paring usada
balung janur : sada
3.      Ngem bang kacang, mbesengut ora kalengan
kembang kacang : besengut dadi mbesengut
4.      Roning mlinjo, yen wis sayah kena ngaso
roning mlinjo : so dadi ngaso
5.      Kembang gembili, seneng-seneng oleh rejeki
kembang gembili : seneng

  1. Parikan
Inggih punika unen-unen rong gatra sing ana pathokane, yaiku :
-          Tibane swara ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindho
-          Ukara sapisan ukara bebuka, ukara kapindho isi
-          Bisa kadadean saka rong gatra utawa patang gatra
Tuladha :
1.      Mlaku-mlaku, tuku bandeng
aku iku, pancen ganteng
2.      Wedang bubuk, tanpa gula
ja sok ngantuk, gelis tuwa
3.      Medang jahe, mangane tempe
kepiye kabare

4.      Jangan kacang jangan kara, kuduk uyah kurang gula
welingku marang para mudha, aja wedi ing rekasa
5.      Esuk nyuling sore nyuling
sulinge arek surabaya
esuk eling sore eling
sing dieling ora rumangsa

  1. Cangkriman
Inggih punika unen-unen uatawi tetembungan sing kudu di bedhek, amarga iku cangkriman bisa uga diarani bedhekan.
Tuladha :
1.      Sega sakepel dirubung tinggi
tegese salak
2.      Pitik walik saba kebon
tegese nanas
3.      Dikethok malah dhuwur
tegese  clana
4.      Wis gedhe kok ngguyu tawa
tegese nangis
5.      Bapake dielus-elus, anake diencot-encot
tegese wong manjat ondho

  1. Pepindhan
Pepindhan inggih punika angembakake marang kawujudan, kahanan, pakarti ingkang sipate mbangetake katimbang karo kawujudan, kahanan, pakarti kang sanyatane.
Tuladha :
1.      Lakune kaya macan luwe
2.      Pikirane landhep dengkul
3.      Wangsulane saur manuk
4.      Rikate kaya angin
5.      Galake kaya macan manak
  1. Sengkalan
Tembung “sangkalan” asale saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa caka iku djenenge bangsa indu. Kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalane ana ratu golongan caka kang djumeneng ing indu sisih kidul lan wektu iku wiwitane taun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 masehi utawi unen-unen kang nduweni teges angkaning taun.
1)      Sengkalan lamba
Kang diarani sengkalan lamba yaiku sengkalan kang awujud ukara utawa kumpulaning tembung.
Tuladha:
1.      Leng welut margining bumi. Th. 1403.
Adage kraton mataram.
2.      Lir ngumbara ngrasa wani. Th. 1603.
Adage kraton kartasura.
3.      Nir baja madyaning puri. Th. 1880.
Tinemu ing plengku madyasura kidul kraton ngayogyakarta.
4.      Atata resi mulang djanma. Th. 1795.
Tinemu ing lajang tjentini. S.pakubuwana V.
2)      Sengkalan memet
Yaiku sengkalan kanng awujud gegambaran utawa pepetan.





DAFTAR PUSTAKA


Purwadi.1995.Sekar Mekar.CV Cendrawasih: Surakarta.
Haryono,Soewardi.2008.Buku Pepak Basa Jawa.Pustaka Wedyatama : Yogyakarta.
Subalidinata.1968.Sarining Kasustran Djawa.P.T. Jaker : Jogjakarta.

Asal Mula Gamelan Jawa

“Asal Mula Gamelan Jawa”



BAB I
PENDAHULUAN
I.      Latar Belakang
Wonten sak lebete buku yudhoyono (1992) judulipun Gamelan Jawa, awalan mula lan masa depane dipaparake gamelan jawa terkait kalian upacara keagamaan. Gamelan ingkang wonten awjud pusaka, gamelan gadahi makna lan hubungan kalian budaya keratin.
Taun Jaywaha Surya kala katangil pangrasaning janma (162) masa palguna, candrasangkala swara karengreng jagad (167), sri paduka maharaja Dewa buda damel gamelan “lokananta” . gamelan ingkang sampun dados awujud wilahan didamel saking gangsa.
Surya sengkala bagahaning swarga angreng gani swarga (269), taun tartha candra sengkala swara matenggeng karna (287), masa kartika hyang endra damel alat suara ingkang dinamani surendra awujud gending (rebab), kala (kendang), sangka (gong,), pamatut (kethuk) lan suaran kenong
II.      Rumusan Masalah
1.      Kapan gamelan jawa mucul lan pripun asal mulanipun ?
2.      Sebataken wernimpun gamelan ?
III.      Tujuan
1.      Masyarakat supaya ngartos wernanipun gamelan
2.      Maringi hiburan kalian masyarakat
3.      Masyarakat luwih ngertos asal muasal mulane gamelan
BAB II
PEMBAHASAN
A.    Kapan gamelan jawa muncul lan pripun asal asalipun ?
Pada tahun jaywaha, surya sangkala katingal pangrasaning janma (162) masa palguna, candra sangkala swara karengreng jagad (167) sri paduka maharaja dewa buda damel gamelan “lokananta” surya sengkala bagahaning swara angreng gain swarga (269) taun tarha candra sengkala. Swara matenggeng karna (287) masa kartika. Hyang endra damel alat suara ingkang dinamani surendra awujud gending (rebab), kala (kendang), sangka (gong), pamatut ( kethuk) lan sauran (kenong)
Masa palguna hyang endra mangutus batara citrasana ke negeri purwa carita mbeto gamelan”surendra” kangge menehaken maharaja kana menawi sedaya suara – suara kasebat dingge manungsa wonten dunia sri maharaja kana nambahaken kalian salundi (kempul) dan garantang  (gambang) lan disebaraken kalian masyarakat kangge ditiru lan dikembangaken kalian jalannya wektu.
Tahun pramadi, surya sangkala kaswareng karnaguna maletik (327) masa wisaka, candra sengkala goratri katon tawang (337) sri maharaja keno nyiptakaken lan nyebaraken lagu – lagu saking tembang ageng niki asal muasal gending.
Tahun wikrama, surya sangkala naga kacaksuh ing rana (328) masa manggakala, candra sengkala madyaning rana tri (338) dasarane alat suara saking negeri ajam, yahudi lan hindu. Sri maharaja kono nyiptakake suara – suara tanda perang : mardangga kayata : kala kendang, sangka gong, egong, gubar (bende ingkang mboten  berpencu) bahiri (beri ingkang ngagem sanding keliling) puksur (rebana ingkang ditutuk ngagem kayu) gurnang (kenong digantung), tong- tong (kendang saking gangsa, alat pemukul saking kayu), grit (rebana ingkang ditutuk ngagem kayu), grit (rebana ingkang ditutuk ngagem kayu), tetek, bedug, maguru gangsa (kemadhang ingkang digantung)
Tahun pilapawa surya sangkala trusta bajaning marga (529) masa wisaka, candra sengkala tataning pakarti wisaya sirna (545), dewi sugandi, putrid prabu basu kesti raja negeri wirata, nglairaken dewi basuwati raja – raja ngundang para brahmana, tapa, resi lan sewa sogatakangge muji syukur bayi sehat mboten kirang napa – napa para rohaniawan mbeto suara – suara rebana utawi terbang, angklung, genta, kekeleng bende lan kentongan.
Tahun kala yuda, saryasangka (1107) karangeng meletik atmajaji candra  sengkala karsa tri tunggal janma, 1136 Prabu lembu amiluhur berputra raden panji ino kartapati ingkang dikenal raden panji kasatrian. Ilmu pengeahuan ingkang nambah alat awujud bonang lan saran lan nambah dasar – dasar nada utawi laras. Gamelan sampun dados, nyiptakaaken seperangkat “laras miring” utawi pelog. Jumlah lan wernine alat suara sami kalian gamelan surendro. Akhiripun gamelan surendro disebat salendro lan pelog
·         Gamelan merupakan gambaran kaselarasan hidup.
Kasalarasan inggih punika piyambake saget ngatur keseimbangan emosi lan nata tingkah laku ingkang laras, harmonis lan mboten nimbulaken goncangan.  Wonten mriki irama gending utawi  musik saking gamelan   kalebet tembang jawa disusun lan didamel.
Perkembangan saged diwiwti saking kentongan, tepukan tangan, pukulan kemulut gesekan pada tali / bambu tipis. Lajeng alat musik jawa berkembang wonten bentuk bilahan kayu, bambu utawi lempengan besi, lembaran kulit dan bambu ingkang dipunlubangi. Sesampunipun dados seperangkat alat musik lajeng dinamani gamelan, mula – mula kangge ngiringi tarian lan semakin semarak amargi didukung lagu (tembang), oleh penyanyi (swarawati/ wiraswara).
Gamelan utawi gangsu utawi pradongo (kawi) saking kembung : temba ga t raja sa inggih punika bahan logam ingkang dicampur dados instumen Gamelan. Gamelan wonten saking kajeng, tuladhane : gambang, demung, barung, peking, slentem, ditambah alat tiup suling lan alat gebuk kandang lan bedug, alat gesek rebab lan alat petik siter    
·         Gamelan keraton
Wonten keraton jawa gamelan dados sebuah kebanggan, gamelan dados simbol kewibawaan. Seorang raja ingkang gadhahi gamelan lengkap kalian berbagai nama, dianggap benda pusaka ingkang adiluhung. Tiang nyebat gamelan supados ageming aji artinipun gamelan dados simbol kebesaran raja, gamelan wonten sepihak dipandang supados benda (wingka) wonten pihak sanes seni gemelan (karawitan), hendak dikultuskan dados warisa budaya leluhur (beritage), ingakang mesti muli aken supados status  simbol social lan prestise  budaya tinggi (emas) masyarakat pendukung
  Dibutuhaken keberanian  kagen meseformasi pencitraan gamelan ingkang sampun ngalami distorisasi kemapanana budaya secara structural pramilo pakem – pakem baku mematikan ingkang sampun nyudutaken fantasi, daya imajinasi lan kecerdasan kreatif. Gamelan jawa butuhaken literatur lan karya – karya musik ingkang mboten dikira banyak wonten tengah budaya kontemporen, kagem majuaken gamelan jawa wonten konteks lan peran keterkaitan kalian masa saniki.
·         Gamelan dan perdaban orang jawa
Saklebete laporan poerwono (suara merdeka 13 september 2002) gamelan ternyata dados salah sakwijining alat ukur kangge ngetahui lan nglukisaken pripun kebudayaan jawa sampun dados sebuah peradaban.
Gamelan saget nandai utawi bermakna ketika dimanfaataken wonten konser musik utawi wonten iringan upacara sacral lan kanegaraan wonten jaman sejarah. Tuladha pemberian seperangkat gamelan kiai Gentara oleh Raia siam utawi raja rama IV kagem sanuhun PB X wektu niku, lan sebalike sinuhun  menehaken sperengkat gemelan beserta para pengrawit lan pesinden, sehingga sakniti tasik wonten kampung jawa wonten Thailand.
Gamelan ingkang diparingi nama kiai Belik ngantos saniki tasik tersimpan utuh wonten keraton Surakarta lan jenis gamelan penghormatan liyane macam monggang, cara balen lan kebo Giro, gamelan gadhahi fungsi lan makna khusus ketika berada dimasanya. Gamelan terakhir dianggep tetap bernilai budaya tinggi supados diciptakaken wonten jaman sejarah, minimal semasa mataram lan dinasti penerus.
BAB III
PENUTUP
A.    Kesimpulan
Pada taun jaya wala surya sangkal katinggal pangrasaning janma, hyang  endra damel alat suara ingkang dinamani surendra awujud gending (rebab), sangka (gong), pamatut (kethut) lan suaran (kenong)
Taun parmadi sri maharaja kano nyiptakaken lan nyebaraken lagu – lagu saking tembang ageng niki asal muasal gending. Taun wikrama dasarane suara saking negeri ajam, yahudi lan hindu nyiptaake suara – suara tanda perang, mardangga terdiri dari : kala kendang, sangka gong, egong, gubar (bahan), puksur, gurnang, tong – tong, grit, tetek, bedu, maguru, lan gangsa.
Gamelan merupakan gambaran keselerasan hidup, inggih punika piyambake saget ngatur keseimbnagan emosi lan nata tingkah laku ingkang laras, harmonis lan mboten menimbulkan goncangan
Perkembangan diwiwiti saka kentongan, tepukan tangan, pukulan, kemulut, gesekan pada tali / bambu tipis.
B.     Saran
Kita sedaya selajeng generasi muda supados saged ngelestarikaken lan ngembangaken budaya jawa saengga buadaya jawa saged terus rinayas langgenging bawana.

Kumpulan Kumpulan Geguritan


Agunge budaya jawa
           
Gesang wonten ing negara kuwi
Anggadahi solah bawa ingkang sae
Tuladhane akeh budaya jawa
Ingkang kathah dianggep remeh

                               Budaya jawa kuwi akeh senine
                               Arupa tari,karawitan,lan sakpanunggalane
                               Mula kuwi budaya jawi
                               Kedah diuri-uri

Bebrayan jawa kuwi
Pancen kedhah ditindakake
Agunge budaya jawa
Kedhah kelakon kanthi  generasi  saklajenge





Jaman Edan

Jaman saiki wis edan
Akeh wong kang ora dhuwe rasa
Jaman kaya jungkir walik

Jaman edan
Wong wadon wis ora prawan
Wong sugih dadi korupsi
Wong mlarat akeh padha ngemis
Wong lanang dadi preman
Jaman edan
Jarene bocah sekolah
Kok malah padha tawuran
Jarene mahasiswa
Kok padha dodolan barang haram
Dhuh Gusti, kepriye jaman iki?
Wes padha ilang imane
Lan ilang kabudayane
 Akeh wong padha mburu nepsune




GAMELAN

Peranganmu kang maneka warni
uni mu kang nyengsemake ati
anggon mu manggon kang kudu runtut
runtut kanthi runtut aran mu
Miturut wujude ana loro
gedhe lan barut
miturut swarane ana loro
pelog lan slendro
Nem mo mo mo ro mo
anggon mu ngajak
tak tak dhung dhak tak dhung tak dhung
uni mu kang ditabuh
pyong eng pyong  pyong
uni mu kang tak rungokake
Dudu gitar
dudu bas
dudu piano lan
dudu dram     
ananging
bonang saron demung
kenong slenthem peking
kempul kendhang lan gong
kang dadi arane perangan mu kuwi




 
Wayang

Ora pantes nak kowe dilalikake
Ora apik nak kowe ditinggalake
Jaman saiki kepiye
Manungsa padha ora mikirke
Saben ana pagelaran
Mesthi kalah ramene karo nonton bal

Cah cilik utawa cah sekolah
Senenge padha gumrudug nak ana konser
Sajake aku ora percaya
Nak rata-rata cah sekolah saiki
Padha apal jeneng utawa lakon wayang

 Sajake wayang iku perlu dilestarikake
Kanthi nglestarikake wayang
Ateges uga wis nglestarikake budaya jawa liyane
Kayata basa, tembang, gendhing lan busana
Sakliyane iku pitutur-pitutur luhur bakal bisa
Kababar ana ing pagelaran wayang 




Nasibe Kabudayan Jawa

Pocung sinom mijil durma
Gambuh megatruh asmarandana
Ha na ca ra ka
Da ta sa wa la
Semar gareng petruk bagong
Bonang gender kempul lan gong

Apa ta kuwi kabeh ???

Kuwi kabeh sansaya pada ilang
Ilang katrajang jaman
Jaman kang saya edan

Mudha-mudhi ra padha gelem
Nguru-uri
Budaya Jawa tansaya dadi mati

Yen ngene
Sapa kang disalahke ?????
Wong tuwa ra ngajari anake......
Tangise Jaman
                                    sansaya suwe sansaya ilang
                                    ilang jatidhirine ilang sekabehe
                                    apa saiki padha ngerti ?
                                    yen tangise jaman kuwi bisa anggugah atine manungsa
                                    supaya manungsa bisa ngerteni
                                    bisa prehatin marang kabudayan jawa
                                                amarga keh pemudha-pemudhi ora ngerti yen ditakoni
                                                sapa kuwi pandhawa ?
                                                sapa kuwi punakawan ?
                                                sapa kuwi rama ?
                                                sapa kuwi sinta ?
                                    tangise jaman sansaya rerintih
                                    nanging manungsane tansah waladi
                                    sansaya suwe sansaya ndadi
                                    ndadekake kawirangane dhewe
                                    marang tlatah nagari iki
                                                dhuh Gusti………
                                                paringana dedalan
                                                dedalan kanggo nguri-nguri kabudayan jawa
                                                supaya pemudha-pemudhi padha eling
                                                eling marang pandhawa
                                                eling marang punakawan
                                                eling marang rama lan sinta




TEMBANG MACAPAT

Tembang Dangdut tembang Campur Sari
Apa tembang- tembangan
Tembang aran tembang kusumaning ati
Tembang Pop tembang Rok
Apa tembang rerengganing jaman

Tembang saiki sing jare apik
e. . . . . . jebul ora apik
Isine awut- awutan mung waton gawe karya
Datan nut paugeranira

Ning sejatine
Ana lho… tembang kang tenan apik
Tembunge isine pangrakite
Mupangati mungguhe wong urip

Gene ya sing apik malah ora ngerti
Gene ya sing apik malah ora dirumati
Tembang kang bisa gawe rasa pangrasa ayem
Ayem atine gawe lan bungahe

Tembang aran tembang
Dudu tenbang- tembangan
Ngemot pepeling lan guna
dayani tataning urip ner laku utama

Kaya dene tembang macapat
Macane papat- papat
Winates gatra,wilangan, lan guru lagunya
Pancen rada angel gampang
Ning iku endahe tembang macapat

Mula . . . pada ngertia sinaua ajara
Wong jawa kudu jawani
Wong jawa kudu duweni
Lestarikna ben lestari ngrembaka
Ngrembaka datan bisa sirna




Basa jawa

Uripe basa jawa kuwi
gumantung marang kang nduweni
yaiku wong jawa dhewe
basa jawa
ora bakal tekan patine
yen digunakake wong nduweni basa
basa jawa
endah basamu, enak dirungukake

Nanging saiki
wong padha nglalikake
padha tan rumangsa
kita penerus bangsa
asli wong jawa
nglestarikake budhaya iki
ayo padha sumringah sinau jawa
supaya ora tekan patine




BUDHAYA SALAH SIJINING WIGATI


Budhaya ndadikake majuning bangsa
Bangsa kang gedhe ora lali karo budhayane
Ojo sok gampamg ninggalake lan nyingkirake
Amarga alasan zaman kang modern

Budhaya dadi ciri wigatine bangsa
Ora ana bangsa kang ora duwe budhaya
Bangsa Indonesia duwe manekawarna budhaya
Budhaya Jawa salah sijine...

Yaiku budhaya kang kudu dilestarikake,
Ditresnani...
Lan awake dhewe kabeh patut njaga budhaya
Supaya ora ilang katut majuning zaman saiki




Kabudayan

Kebudayan jawa sampun punah     
para pamuda wes pada nglalekake
wiwit saiki mulai pada nglaras
pramila kabudayan niku wigati
Oh… dwija
kabudayan niku sae sanget
tamtu kita kedhah sinau
ning kedhah telaten lan semangat
sakniki kita sinau sareng – sareng
iki wujud katresnanan marang budaya
hastiti wonten nguri – uri budaya jawa
Enom tua ginakake busana ingkang endah
ning panggung padha lenggak - lenggok
eseme kang renyah lan nyengsemake
menawa dina kartini
Para pamuda kedhah nguri – uri kabudayan
amarga wigati sanget ing gesang
lambang gesangipun manungsa
tuladha wonten gunungane wayang
kathah cariyosipun pagesangan
Aneng gunungan kathah gambare
yaiku wit – witan, kewan lan isek akeh liyane
merga gunungan iku kaca kanggo manungsa
mula kudu dilestariake




LALI KABUDAYAN

Saiki…
Unine gamelan wis saya lali
Amung ana uninan kang gawe panasing ati
Dek biyen…
Tang tunge gamelan
Isih bisa dirungu
Lakuning tembang dolanan
Isih ana sing bisa
Bocah-bocah cilik isih seneng nari jawa
Nanging…
Saya suwi saya sirna
Wong Jawa saiki wis padha lali
Kepiye nutuke gamelan
Kepiye unine tembang dolanan
Kabudayan Jawa iku
Kabudayan kang sejati
Sing kudu biso diopeni
Kanggo mulyaning Indonesia iki




Sinau Budaya

Budaya jwa saya suwe saya ilang
Kesaput jaman kang saya modern
Cah-cah saiki ora bisa basa jawa
Banjur sapa?
Nelangsa banget budaya jawa
Ora kabeh wong mangerteni
Ana gamelan sing cacahe akeh
Tembang macapat kang endah
Crita wayang kang kondang
Dakgawa ing ngendi budaya jawa
Ayo padha nguri-nguri budaya jawa
Sinau tradhisi




Bareng Nguri-uri Budhaya

Kasunyatan jaman saiki                                                                                          
Wong wis padha nglali
Apa maneh marang budhaya nagri
Sing katon edi peni nyengsemake ati
           
Budhaya kuwi endah
Budhaya kuwi tinggalane para luhur
Nalika diopeni kanthi premati
Jan...bakal ngedab-edabi banget

Ora bakal ana
Liyan kang ngakoni
Ora bakal ana
Liyan kang nduweni
           
Tinggalane para luhur iki
            Kudu anglur selur
Tekan anak putu
Weruh lan ngrasakake kaendahan

Ayoa...
Padha bareng hanyengkuyung
Nguri-uri apa kang dadi budhaya nagri
Aja mung gelem nganggo
Ning ora gelem jaga